Banyumas, Kabupaten Ngapak
Banyumas kue kabupaten sing ibukotane purwokerto. Kabupaten
kiye batese brebes sisih lor, wetane batesane karo banjar karo kebumen, trus
sisih kulon karo kidule ana kabupaten cilacap. Nang kene iya ana gunung slamet,
gunung sing paling duwur neng jawa tengah. Panggone neng sisih lor wilayah
banyumas.
Banyumas kue kabupaten sing penduduke ramah. Banyumas kue panggone perek karo budayane wong
sunda. Dadi antarane budaya sunda karo jawa kue sing nduwe pengaruh karo
pertumbuhane budaya banyumas. Budayane banyumas kue iya nyebar tekan
banjarnegara, cilacap, purbalingga, karo sebagian wilayah kebumen. Neng wilayah kene iya khas banget karo basa
jawane sing ngapak kaya inyong. Budayane wong banyumas kue ndue ciri sing
paling mbedani sekang budaya daerah liyane neng jawa tengah. Ana kurang lewih
13 kesenian khas kang banyumas, kaya ebeg, wayang kulit, calung, kenthongan,
salawatan jawa, lengger, sintren, bongkel.
Ebeg biasane lakone wong lanang-lanang sing critane lagi
nunggang jaran. Jarane di gawe sekang pring sing di anyam. Sikile sing nari
ebeg di pasangi gelang krincing karo tangane barang. Jumlahe wong sing bnari 8
kadant nganti lewih, 2 wong dadi penthul-tembem, 1 dadi dalange, 7 sing nabuh
gamelane. Mulane 1 grup bisa nganti 16 wng. Kabeh sing nari ngaggone ebeg, tapi
nek penthul tembem nganggone topeng. Lagu-lagune sing nggo ngiringi iya
lagu-lagu banyumasan kaya ricik-ricik, gudril, blendrong, lung gadung,
eling-eling. Wong sing main ebeg keri-kerine
biasane kesurupan. Angger kesurupan bisa mangan beling pecah, kadang
bisa mecah klapa mung karo untu, mangan dedek. Senjaluke kudu dituruti. Kadang
sing nonton barang bisa nganti melu kesurupan angger ora ngati-ati lan njaga
awake dewek.
Hlaa angger wayang kulit lhah wes ana campurane sekang
budayane wong solo karo Jogjakarta. Tapi beda karo lengger-calung, sing
bener-bener khase banyumas. Sing nari kue wong wadon. Gemiyen sing nari biasane
wong lanag sing dandan ayu kaya wong wadon. Trus ngko pas nang tengah tengah
ana wong lanang metu sing fungsine mung nggo lengkap-lengkap. Ben tambah
rame acarane. jenenge badhud. Musike
ngiringe nganggo calung. Wes, pokoke mantep tenan. Angger jemblung kue lhah
kaya teater, tapi khas banyumas. Sing main wong papat. Iringane music mulut
sekamg pemaine dewek, dadine sing main ya dalang, ya lakon. Kiye akeh sekang
wong sumpiuh karo tambak.
Basane wong banyumas kue khas banget, sing terkenal karo
ngapake. Jarene si basa ngapak wes ana sedurunge basa jawa sing akeh di nggo
wong kratonan neng solo karo jogja. Wong banyumas ya ndue klambi adat . salah
sijine beskepan karo nempean sing biasane dingo neng priyayi-priyayi jaman
gemiyen. Beda maning karo klambi bebed
wala sing biasa di nggo neng wong wadon-wadon ndesa jaman mbiyen, angger wong
lanange biasane nganggo lancingan.
Salah sijine budaya sing esih ana nganti tekan siki kue iya
unggah-unggahan. Ritual kiye biasane dilakoni nang wong sing nganut adate
bonokeling. Bonokeling kuwe ya wong sekang kadipaten pasir luhur, siki si
jenenge karanglewas. Gemiyen daerah kene kue nduwene kerajaan padjadjaran. Ritual
kiye nggo ndongakna leluhur karo ngresikaken awak sedurunge puas. Mulane
dilakkoni pas sedurunge puasa ramadhan. Maune
jane dilakoni sedurunge panen pari. Biasane nganti 5 dina acarane, sekang
nyambut tammu, ngonga bareng, ziarah, slametan, trus ngiring tamune bali. Biasane
wong wadonge kembenan nganggo selendang putih sing nutupi pundak, trus njagong
neng latar, panas-panasa. Bar kue gentenan nggole wisuh, sekang tangan, trus
sikil, bar kue raine. Sing paling unik sekang ritual kiye kue pada ngucapkake
syahadat, puasa, karo zakat.
Angger mampir banyumas aja kelalen kuliner iya.. panganan
sing khas banget banyumas iya sroto, peyek, mendoan, dagem kripik, tegean. Iya
kurang lewih kue panganane sing khas.
Komentar
Posting Komentar