Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2016

Banyumas, Kabupaten Ngapak

Banyumas kue kabupaten sing ibukotane purwokerto. Kabupaten kiye batese brebes sisih lor, wetane batesane karo banjar karo kebumen, trus sisih kulon karo kidule ana kabupaten cilacap. Nang kene iya ana gunung slamet, gunung sing paling duwur neng jawa tengah. Panggone neng sisih lor wilayah banyumas. Banyumas kue kabupaten sing penduduke ramah.  Banyumas kue panggone perek karo budayane wong sunda. Dadi antarane budaya sunda karo jawa kue sing nduwe pengaruh karo pertumbuhane budaya banyumas. Budayane banyumas kue iya nyebar tekan banjarnegara, cilacap, purbalingga, karo sebagian wilayah kebumen.  Neng wilayah kene iya khas banget karo basa jawane sing ngapak kaya inyong. Budayane wong banyumas kue ndue ciri sing paling mbedani sekang budaya daerah liyane neng jawa tengah. Ana kurang lewih 13 kesenian khas kang banyumas, kaya ebeg, wayang kulit, calung, kenthongan, salawatan jawa, lengger, sintren, bongkel. Ebeg biasane lakone wong lanang-lanang sing critane lagi nunggang...